LELAKONE WONG URIP
Dalan urip sing sarwo mulus lan lurus kuwi ora ono, mesthi ono
tikungan, tanjakan kadangkolo ugo ngadepi watu sandungan lan sakwernane eri
kang dadi alangan,senajan mengkono kito kudu tetep setyo budyo ngenut laku kang
dadi garise lelakon.
Urip sakdermo nglakoni, uripsadermo urip paringane sing gawe urip,
waton tenanan nglakoni urip bakale ono pitulungan seko sing gawe urip.
Langit sing tanpo mendung kuwi ora ono. Segara sing tanpo ombak
iku ugo ora ono. Semana ugo katresnan sing tanpo pacoban iku ugo ora ono.
Ing bab opo wae,opo-opo sing ngluwihi wates iku dadine kurang
becik.. luwih-luwih ing bab katresnan. Sayang/tresno kuwi becik, nanging yo
kudu biso ngukur/naker sepiro pantese supoyo biso dadi becik sekabehane, ora
mung biso ngukur kanggo kabecikane dhewe..
Dadi wong dewoso iku pancen angel, nanging angel ora ateges ora
biso.. kabeh butuh laku, butuh niat, butuh proses, ora mung jumedul seko karepe
dhewe. Mula kito kudu biso olah roso/nimbang roso..kanthi mapanake roso banjur
kelair ing pangucap kang adem,kepenak dirungokake,biso ditompo lan gawe becik
sekabehane.
Sing uwis yo wis.. ora perlu digethuni.. ayo sing becik
digoleki..... Dewoso kuwi ora mapan ono ing umur nanging mapan ono ing landepe
pikir lan roso..... Banjur biso mapanake patrap lan pangucap.....Pepeling
Tidak ada komentar:
Posting Komentar